3 Contoh Teks Non Sastra Bahasa Jawa dan Strukturnya

Marieska Harya Virdhani, Jurnalis
Minggu 27 Agustus 2023 09:00 WIB
Contoh teks non sastra Bahasa Jawa (Foto: Freepik)
Share :

 

2. Bulek Lamno Suku Mripat Biru ing Indonesia

Sasuwene iki menawa wae akeh sing nganggep yen mripat werna biru ngono mung diduweni dening wong manca negara mligine sing saka Eropa utawa Amerika.

Panganggep sing kaya ora kliru, jalaran saperangan gedhe wong kang dedunung ing Eropa lan Amerika rancake mripate wernane biru.

Nanging panganggep sing kaya mangkono ora sawutuhe bener. Merga ing Indonesia dhewe ana etnis kang nduweni mripat werna biru asli.

Ora mung mripate wae, pasuryane uga beda klawan pasuryan kang diduweni wong Indonesia umume. Etnis sing nduweni mripat werna biru iki sinebut Bulek Lamno lan asale saka laladan Aceh. Ing laladan Aceh, kenya saka etnis iki dianggep salah siji primadonane.

Panganggep sing kaya ngene dumadi merga kenya saka etnis iki saliyane nduweni pasuryan kang ayu. Wiwit isih cilik wis diwulang ilmu agama kang jero dening wong tuwane. Saengga bisa dianggep yen kenya saka etnis Bulek Lamno iki ayune lair batin.

Ngenani asal usule leluhure etnis Bulek Lamno iki saka ngendi isih durung ana panliten kang resmi. Nanging yen manut crita lan saka saweneh sumber, ana kang nyebutake yen leluhure etnis Bulek Lamno iki saka Portugal kang sabanjure dhaup klawan warga Aceh.

Ngenani wiwit kapan etnis Bulek Lamno iki manggon ing Aceh uga durung kinawruhan kanthi pesthi. Mung wae akeh sing nduweni panduga yen etnis Bulek Lamno iki wis ana wiwit abad XV.

Rancake etnis Bulek Lamno iki mapan ing pinggire segara. Ing jaman saiki etnis Bulek Lamno akeh ditemokake ing Desa Mukhan lan Kuala Daya. Saliyane kuwi Bulek Lambo uga sumebar ing Kecamatan Jaya lan Indra Daya. Saka saperangan laladan ing Aceh kang isih ana etnis Bulek Lamno iku mau, laladan Kuala Daya mujudakake dhaerah kang dadi basise Bulek Lamno.

 BACA JUGA:

3. Kenduren, apa wis arep ilang?

Karya: Dening Arief Mulyana

Saperangan ahli mastani, agamane wong Jawa sing temenan iku sejatine aran kenduren. Kenduren, ora beda pokoking ngibadah. Awit kanggone wong Jawa, kabeh perkara kang ana gandheng cenenge karo lakuning urip, wiwit ceprot jabang bayi nganti tekan matine, kalebu prstawa liyane, kayata nggawe omah, lulus sekolah, ketampa nyambut gawe, kudu dikendureni.

Upacara kenduren mono ancase kanggo nggayuh kaslamatan. Muga kenduren uga kasebut slametan. Wong kang wus ngleksanani upacara wujud kenduren mau, adate banjur rada ayem lan tentrem atine. Pancen kabeh mau gumantung kepercayaan pribadine dhewe-dhewe.

Miturut Herusatoto (1991), kenduren iku kalebu perangan tindakan simbolis tumrape wong Jawa kanggo memuji lan nggayuh kaslametan. Apa kang dadi tatacara, ubarampe lan lakuning upacara kenduren sejatine mung medhia simbolis kanggo nglairake pepinginan utawa panyuwunan marang Dzat Kang Luwih Kuwasa. Dadi, yen ditelusuri tenan, kenduren iku kalebu wujuding ibadah tumraping wong Jawa kang ngleksanani upacara mau, dadi kaya dene donga.

(Marieska Harya Virdhani)

Halaman:
Lihat Semua
Share :
Follow WhatsApp Channel Okezone untuk update berita terbaru setiap hari
Topik Artikel :
Berita Terkait
Terpopuler
Telusuri berita Edukasi lainnya