3 Contoh Teks Non Sastra Bahasa Jawa dan Strukturnya

Marieska Harya Virdhani, Jurnalis
Minggu 27 Agustus 2023 09:00 WIB
Contoh teks non sastra Bahasa Jawa (Foto: Freepik)
Share :

JAKARTA - 3 contoh teks non sastra bahasa Jawa dan strukturnya mudah dipahami. Secara umum teks yang dituliskan dalam bahasa Jawa dapat dibedakan menjadi dua macam yakni teks sastra dan teks non-sastra.

Keduanya memiliki perbedaan yang bisa dikenali dari struktur kalimatnya. Teks sastra adalah unsur-unsur yang digunakan yang lebih kompleks dan dibangun oleh penulis.

 BACA JUGA:

Sedangkan teks non-sastra adalah adalah tulisan yang bersifat ilmiah. Tujuannya untuk menambah wawasan dan pendidikan atau sarana edukasi bagi pembaca.

Struktur Teks Non Sastra Bahasa Jawa

Struktur teks sastra penulisannya berpijak pada ide yang mempunyai sifat imajinatif. Tujuannya lebih bersifat hiburan atau santai karena penuh dengan ide penulis.

Sementara teks non sastra penulisannya didasarkan pada fakta dan data. Maka berikut rangkuman Okezone, dilansir dari berbagai sumber, Minggu (27/8/2023).

 BACA JUGA:

Contoh Teks Non Sastra Bahasa Jawa

 

1. Iwak Asin ing Jaman Kuna

Sesambungan antarane wong Indonesia, mligine wong Jawa klawan iwak asin wis dumadi suwe banget. Ana cathethan kang ngandhakake ing jaman biyen iwak asin mujudake salah siji panganan kang klebu dimulyakake, merga panganan iki kerep banget sinebut ing prasasti-prasasti tinggalan jaman kuna.

Sajroning prasasti-prasasti iku padha nyebutake iwak asin klebu sesaji wajib sing kudu ana rikala ana panetepan sawijining sima (dhaerah kang diangkat statuse dadi bebas pajek).

Ngenani iwak asin sing dadi salah siji sesaji ing upacara siwa iki tinulis ing prasasti Penggumulan A lan B kang duwe anka taun 824 C utawa 902 M.

Ing prasasti kang migunakake tembaga iki ora mung nyebutake kaya ngapa lakuning upacara. Nanging uga nyebutake jinis iwak apa wae kang diasinake.

Manut prasasti kasebut iwak sing diasinake ing antarane yaiku iwak kakap, iwak bawal (kadiwas), iwak kembung (ruma), lan iwak layar utawa iwak pari (layarlayar).

Dene lakuning upacara digambarake kurang luwih kaya mangkene. Dapunta Kosisik sawijining esuk pendhudhuk ing kabhikuan desa Pamehanan mimpun lakune upacara panetepan sima kanggo desa Pangguwulan, kang klebu wewengkon Puluwati (saiki Sleman).

Panetepan sima iku dhewe diparingake merga gedhene lelabuhane penduduk desa kang gelem ngrumat wewangunan suci ing Kinawuhan.

Wiwitane para pejabat kerajaan nganti tataran pejabat desa lan kabeh sing rawuh padha nganggo kembang lan kawatittha (wedhak wangi) minangka tandha diwiwitine adicara.

Kabeh sing rawuh padha lungguhan ing lapangan sinambi ngubengi sanghyang kudur lan sanghyang watu kalumpang.

Kabeh sing rawuh padha sumpah lan ngrapal sapatha (supata) ing sangarepe watu sinambi mbeleh endhas pitik lan mbanting endhog nganti pecah. Tumindak sing kaya mangkene dikarepake sapa sing nglanggar sumpah bakale ngalami nasib kaya dene endhas pitik kang pisah saka awake lan endhog pitik sing ajur kasebut. Sawise prosesi sumpah rampung. Adicara dibacutake kembul bujana.

Halaman:
Share :
Follow WhatsApp Channel Okezone untuk update berita terbaru setiap hari
Topik Artikel :
Berita Terkait
Terpopuler
Telusuri berita Edukasi lainnya