26.Tarti tata-tata, ate metu turut ratan, diutus tuku tahu tempe dhuwite kertas telung atus
27.Tata tertib tartamtu tentrem.
28.Tata titi tutug tatug, tanggung jawab.
29.Tata, titi, tentrem.
30.Tatag, teteg bakal tutug.
BACA JUGA:
31.Tatune methunthung mentheng-mentheng.
32.Tindak, tanduk lan tutur kang kalantur, ramtu katula-tula aktali, bakal kacatur, katuruh, kapatuh lan dadi awon.
33.Madon, madat, minum, mateni lan main
33.Mantep, madhep, mangan melu maratuwa
34.Sing seneng weweh bakale wuwuh
35.Sepi sepa tanpa tresna
36.Nyawang, niteni, nuladhani, ngreka
37.Tatas, titis, tekun, temen, trentenan, lan tekan
38.Sing pengin tutug kudu wani trengginas, tatag, lan teteg
39.Lakune lurus, laras, lan leres
40.Teteken tekun bakale tekan
41.Sing salah bakale seleh
42.Wong sing usahane pengin tutug kudu wani trengginas, tatag, lan teteg.
43.Sapa wonge kang bisa teteken tekun bakal tekan.
44.Wong sing bisa lari mesthi lakune lurus, laras, lan leres
45.Sapa wonge sing pengin kasil bisa nyawang, niteni, nuladhani, ngreka apa wae kang dibisani.
46.Samangsa urip iki bisa rinasa sepi, sepa, samun lamun tanpa ana tresna
47.Dadi wong tuwa iku kudu bisa nindakake laku asuh, asah, lan asih.
48.Nyawang slirane lunga rasane ati saya suwe saya sumedhot.
49.Tumrape wong Jawa, sapa sing pengin duwe keturunan sing apik kudu golek pasangan kang bibit, bebet, lan bobote becik.
50.Ing urip iki kena nindakake apa wae kajaba nindakake madon, madat, minum, mateni lan main.
(Marieska Harya Virdhani)