Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement

7 Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa Singkat dengan Berbagai Topik

Nanda Surya Shadan , Jurnalis-Jum'at, 24 Januari 2025 |09:41 WIB
7 Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa Singkat dengan Berbagai Topik
7 Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa Singkat dengan Berbagai Topik. (Foto: Okezone.com/Freepik)
A
A
A
6.      Kerusakan Lingkungan

Kerusakan lingkungan saya tambah suwe. Nanging, nyatane isih akeh wong sing ngrusak alam. Rakus manungsa panen ndadekake alam ngalami akeh kerugian lan kelangan kekuatan sing diduweni. Bencana alam dumadi amarga akeh wong sing ora peduli karo lingkungan. Dene njaga lingkungan alam mujudake tumindak kang wigati banget. Tujuane mesthi nggawe masa depan sing luwih apik sing bisa dinikmati dening anak cucu.

Saiki saben dina akeh warga sing katon santai banget mbuwang sampah sembarangan menyang banyu mili kayata kali. Akeh warga uga ngobong sampah sing nyebabake asap ireng sing kenthel. Ora mung kuwi, isih akeh perusahaan sing nebang alas kanggo kepentingane dhewe-dhewe.

Ana uga perusahaan sing terus ngasilake polusi udara. Tumindak manungsa sing ora tanggung jawab kuwi nyebabake akeh bencana, kayata banjir bandhang, longsor, lan uga polusi udara.

7.      Sejarah Wayang Wong

Wayang uwong utawa wayang wong menika salah satunggalipun jenis pementasan tradisonal ing Jawa. Wayang wong menika gabungan saking seni drama ingkang ngerembaka ing negeri Eropa kaliyan seni pengelaran wayang ingkang ngerembaka ing tanah Jawa utawa pulo Jawa.

Utaminipun wayang wong ngerembaka ing kraton kanggo hiburan golongan priyayi utawa bangsawan. Wong kang mainake wayang wong uga ngagem pakaian ingkang sami kaliyan hiasan-hiasan ingkang diagem wayang kulit. Miturut penuturan lan data saking dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong ana utawa lair ing abad XVIII. Diciptaken meningka Mangkunegara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni drama saking negeri kilen utawa Eropa.

Wiwitan pementasan wayang wing dipungelar ing Surakarta lajeng dipungelar ing Yogyakarta. Wekdal ing sasi April 1868  yaiku Mangkunegara IV ngawontenaken acara khitan putranipun. Ingkang taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari wonteng ing peresmianipun ngawontenaken pagelaran keseniang wayang wong.

Pagelaran seni tradisional wayang wong ingkang pementasan eksklusif, namung digelar kangge bangsawan ing keraton. Nangung, ing taun 1902 wayang wong ngerembaka urip lan kanggo tontonan warga umum lan komersial kanthi nyade karcis.

Wayang wong kang komersil ngerembaka lan puncakipun nalika wonteng pekempalan “Ngesti Pandowo” ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. Abad XVII ingkang dipunpandegani dening Mangkunegara 1, wekdal punika ingkang dipungekar namung lakon-lakonipun wayang purwa. Sasampunipun menika pagelaran seni tradisional wayang wong wiwit boten subur maneh ing Surakarta.

Ananing teng Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang won ngantos taun 1881. Kanthi pembiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong ngerembaka maling nanging, taksih winetes ing daerah Yogyakarta lan Surakarta kemawon. Saking sejarah seni pementasan tradisional wayang wong sing sampun ana kanthing zaman mbiyen.

Mbiyen namung bangsawan lan keraton kemawon kang saget mirsani pementasan wayang wong. Nanging zaman saiki, kabeh wong saget mirsani pemetasan wayang wong. Justru wayang wong kudu dipirsani lan dilestariake kanggo budaya asli Indonesia lan tanah Jawa. Sebab iku kita sedaya kudune terus mbudayakake budaya adat lan utaminipu wayang wong sing mbiyen boten subur supaya sakniki saget subur maneh pementasanipun.

Itulah 7 Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa Singkat dengan Berbagai Topik.
 

(Feby Novalius)

Follow WhatsApp Channel Okezone untuk update berita terbaru setiap hari
Berita Terkait
Telusuri berita edukasi lainnya
Advertisement
Advertisement
Advertisement